Babad Tanah Jawi (Perang Kang kaping pindho)

Sabtu, 21 Desember 2013

Karajan Karajan Islam lan Tekané Bangsa Europa tumekané Gempale Karajan Mataram lan Ambruké Vereenig de Oost indische Compagenie (VOC)

tahun 1500 - 1799

Perang Kang kaping Pindho

Bab I

Karajan Demak lan karajan Pajang

(1500 - 1582)


Wiwitané ing Tanah Jawa ana agama Islam ing antarané tahun 1400 - 1425.
Ing tahun 1292 ing tanah Perlak ing pulo Sumatra wis ana wong Islam; ing tahun 1300 ana wong Islam manggon Samudra Paséi. Ing pungkasané abad kang ping 14 ing Malaka iya wis ana wong Islam.
Tekané padha saka Gujarat. Saka Malaka kono agama Islam mencar marang Tanah Jawa, tanah Cina, Indhiya Buri lan Indhiya Ngarep.
Kang mencaraké agama Islam ing Tanah Jawa dhisike yaiku sudagar Jawa saka Tuban lan Gresik, kang padha dedagangan ing Malaka, padha sinau agama Islam, dadiné Islam terkadhang sok kepeksa.
Sudagar sudagar jawa mau padha bali marang Tanah Jawa Wétan, sudagar Indhu lan Pèrsi uga ana sing teka ing kono lan nuli mencaraké agama Islam marang wong wong.
Sing misuwur yaiku: Maulana Malik Ibrahim (wong Persi?), séda ana ing Gresik ing tahun 1419, nganti saiki pasareané isih.
Bareng kuwasané karaton Majapait saya suwé saya suda, para bupati ing pasisir rumangsa gedhé panguwasané, wani nglakoni sakarep karep.
Para bupati mau lumrahè wis padha Islam wiwit tumapaking abad kaping 16 (tahun 1500 - 1525),
Jalaran saka iku kerep baé perang karo para raja agama Indhu kang manggon ing tengahing Tanah Jawa.
 Miturut carita: Sang Prabu Kertawijaya ing Majapait iku wis tau krama karo putri saka ing Cempa (tanah Indhiya Buri).
Putri mau kapernah ibu alit karo Radèn Rahmat utawa Sunan Ngampel (sacedhaké Surabaya).
Sunan Ngampel kagungan putra kakung siji, asma Sunan Bonang, lan putra putri siji, asma Nyai Gedhé Malaka.
Nyai Gedhé Malaka iku marasepuhé Radèn Patah utawa Panémbahan Jimbun, yaiku kang sinebut: Sultan Demak kang kapisan.
Sunan Ngampel lan Sunan Bonang iku dadi panunggalané para wali.

Para wali mau kang misuwur: Sunan Giri (sakidul Gresik), ana ing kono yasa kedhaton lan mesjid; Ki Pandan Arang (ing Semarang) lan Sunan Kali Jaga (ing Demak).
Ing tahun 1458 ing Demak wis ana mesjid becik.
Padha padha bupati ing pasisir pati Unus iku kang kuwasa dhéwé.
Pati Unus uga kasebut Pangéran Sabrang Lor.
Iku putrané Radèn Patah utawa Panémbahan Jimbun.
Ing tahun 1511 Pati Unus mbedhah Jepara,
Ing tahun 1513 nglurugi Malaka.
Enggoné tata tata arep nglurug mau nganti pitung tahun lawasé.
Lan bisa nglumpukaké prau kèhé nganti sangang puluh lan prajurit 12.000, apadéné mriyem pirang pirang.
Nanging panémpuhé bangsa Portegis ing Malaka nggegirisi, nganti Pati Unus kapeksa bali lan ora oleh gawé.
Pati Unus ing tahun 1518 uga ngalahaké Majapait nanging Majapait dhèk samana pancèn wis ora gedhé. Kuthané ora dirusak, mung pusaka kraton banjur digawa menyang Demak sarta Pati Unus ngaku nggentèni ratu Majapait.
Ing tahun 1521 Pati Unus séda isih enèm lan ora tinggal putra.
Kang gumanti rayi let siji yaiku Radèn Trenggana, jalaran rayiné tumuli: Pangéran Sekar Séda Lèpèn, wis disédani putrané radèn Trenggana, kang aran Pangéran Mukmin.
Sajroning jumenengé Sultan Trenggana (tahun 1521 - 1550) karaton Demak kuwasa banget, nguwasani Tanah Jawa Kulon, ngerèh kutha kutha ing pasisir lor lan uga mbawahaké jajahan Majapait, sarta karaton Supit Urang (Tumapel) uga banjur kapréntah ing Demak. Déné Blambangan iku bawah Bali.
Pelabuhan bawah Demak akèh sing ramé, kayata: Jepara, Tuban, Gresik lan Jaratan.
Gresik lan Jaratan iku sing ramé dhéwé, wong kang manggon ing kono luwih 23.000.
Ing tahun 1546 Sunan Gunung Jati kalawan Sultan Trenggana arep mbedhah Pasuruwan.
Kutha Pasuruwan banjur kinepung ing wadya bala, nanging durung nganti bedhah, pangepungé diwurungaké, jalaran Sultan Trenggana séda cinidra déning sawijining punakawan santana, kang mentas didukani.
Putrané Sultan Trenggana akèh. Putra putriné padha krama oleh priyayi gedhé gedhé.
Ana sing krama oleh bupati ing Pajang, kang asma: Adiwijaya, yaiku Mas Krèbèt, Ki Jaka Tingkir utawa Panji Mas.
Putrané Sultan Trenggana loro: Pangéran Mukmin utawa Sunan Prawata, lan Pangéran Timur, kang ing besuké dadi adipati ing Madura.
Sunan Prawata iku kang nyedani Pangéran Sekar Séda Lèpèn.
Ing semu putrané Pangéran Sekar Séda Lèpèn kang asma Arya Panangsang arep malesaké sédané kang rama.
Sakawit Arya Panangsang nyedani Pangéran Mukmin sagarwané, nuli putra mantuné Sultan Trenggana, ora oleh gawé, malah Arya Panangsang bareng dipapagaké perang, kalah nemahi pati.
Adiwijaya banjur nguwasani Tanah Jawa: amboyong pusaka kraton menyang Pajang lan nuli dijumenengaké Sultan déning Sunan Giri.
Nalika Adiwijaya jumeneng ratu ana ing Pajang, blambangan lan Panarukan kabawah ratu agama Syiwah ing Blambangan, kang uga mbawahaké Bali lan Sumbawa (tahun 1575).

Jajahan jajahan ing Pajang kapréntah ing pangéran (adipati) yaiku: Surabaya, Tuban, Pati, Demak, Pemalang (Tegal), Purbaya (Madiyun), Blitar (Kedhiri), Selarong (Banyumas), Krapyak (Kedhu sisih kidul kulon, sakuloné bengawan Sala.
Ana ing tanah Pasundhan karaton Pajang mèh ora duwè panguwasa, jalaran ing tahun +/- 1568 tanah Banten dimerdikakaké déning Hasanuddin, dadi tanah kasultanan.



Perang Kang kaping Pindho

Bab II

Karajan Mataram Nalika Jumenenge Senapati

(1582 - 1601)


Ana wong linuwih sinebut Kyai Gedhé Pamanahan, asalé mung wong lumrah baé.
Jalaran saka akèh lelabuhané marang Sultan Pajang, banjur didadèkaké patinggi ing Mataram.
Nalika iku tanah Mataram durung reja lan Pasar Gedhé, padunungané Kyai Pamanahan mau isih awujud désa.
Putrané Kyai Gedhé Pamanahan kang asma Sutawijaya utawa Radèn Bagus, utawa Pangéran Ngabèhi Loring Pasar iku dipundhut putra angkat déning Sultan Pajang lan nganti diwasa tansah ana ing kraton , dadi mitrané Pangéran Pati yaiku Pangéran Banawa.
Ing tahun 1575 Sutawijaya gumanti kang rama ana ing Mataram, oleh jejuluk Sénapati Ing Ngalaga Sahidin Panatagama.
Panémbahan Sénapati (Sutawijaya) mau banget ing pangarahé supaya bisa jumeneng ratu.
Ing sasi Mulud ora ngadhep marang Pajang, lan Pasar Gedhé didadèkaké bètèng, ndadèkaké kuwatiré Sultan Adiwijaya.
Kelakon ora suwé banjur peperangan, Adiwijaya kalah lan ing tahun 1582 séda jalaran karacun.
Pangéran Banawa ora wani nglawan Sénapati.
Sénapati banjur ngaku jumeneng Sultan, sarta pusakaning kraton kaelih marang Mataram.
Sénapati ngerèhaké Mataram ing tahun 1586 - 1601.
Jajahan jajahan karaton Pajang kang wis kasebut ndhuwur kaerèhaké ing Mataram kanthi ngrekasa banget.
Sénapati kepeksa kudu kerep perang, kayata: perang karo Panaraga, Madiyun, Pasuruwan lan luwih luwih karo Blambangan.
Ewadéné Blambangan iku ora bisa kalah babar pisan. Karo Sénapati memitran.
Banten arep ditelukaké, nanging ora bisa kalakon.
Galuh pineksa karèh Mataram.

Ing nalika iku akèh kutha kutha pelabuhan kang ramé, padha ditekani wong Portegis, ora lawas wong Walanda iya padha nekani ing kono.
Dedagangané mrica, pala, cengkèh, kapas lan barang barang liyané akèh, nanging bab kawruh lan kagunan ora pati diperduli.
Ing tahun 1601 Sénapati séda, kang gumanti putra Mas Jolang. Pasaréyan Sénapati nunggal kang rama ana ing Pasar Gedhé sarta padha pinundi pundhi.



Perang Kang kaping Pindho

Bab III

Karajan Banten Lan Cirebon Wiwit Jumenenge

Sunan Gunung Djati (1527) tumeka

Sedane Maulana Mohamad

(1596)


Ing wiwitané abad kang ping 16 ing Tanah Jawa Kulon ana nagara aran Pajajaran, Kutha aran Pakuan. Kutha pelabuhan iya duwè, yaiku Banten lan Sundha Kalapa, nanging dedagangané durung ramé.
Awit saka Malaka ing tahun 1511 kacekel ing bangsa Portegis, para sudagar Islam padha dedagangan ana ing pasisiré lor Tanah Jawa Kulon.
Ing Banten nuli ana pedagangan gedhé, dagangané mrica.
Ing nalika iku ana wong Paséi (Sumatra), agamané Islam, teka ing Tanah Jawa Kulon merangi ratu ing Pejajaran nganggo prajurit saka ing Demak.
Wong Paséi mau ing tembéné aran Sunan Gunung Jati, mauné bok menawa aran Falètèhan.
Iku ipéné Radèn Trenggana. Marga saka pitulungané Radèn Trenggana ing tahun 1527 bisa mbedhah Sundha Kalapa (Jayakarta utawa Jakarta) lan Cirebon.
Ing tahun 1552 Sunan Gunung Jati ing Banten digentèni kang putra Hasanuddin.
Déné putra liyané kang asma Pangéran Pasaréan, iku kang nurunaké para Sultan ing Cirebon.
Falètèhan séda ing tahun 1570 ana ing Cirebon lan disarèkaké ana ing punthuk Gunung Jati.
Kutha Pakuan bedhahè sawisé tahun 1570. Para wong ing Tanah Jawa Kulon banjur dipeksa manjing agama Islam.
Nalika Falètèhan séda kang jumeneng Sultan ing Cirebon Panémbahan Batu, yaiku buyute Falètèhan mau.
Hasanuddin iku krama oleh putriné Pangéran Trenggana.
Bareng Pangéran Trenggana séda, karaton Banten banjur madeg dhéwé (tahun 1568).

Hasanuddin uga nelukaké Lampung, sarta raja Indrapura ngaturaké putrané putri minangka garwa.
Kutha Banten dadi ramé lan pelabuhané gedhé. Ananging kutha urut pasisir ana 750 M, déné ujuré marang dharatan +/- 1600 M.
Prau prau bisa lumebu ing kutha metu ing kali kang nrajang kutha mau; saiki kaliné wis waled, jalaran wedhi.
Kutha mau kang sasisih dipageri lan ana gerdhu gerdhuné panggonan prajurit jaga tuwin panggonan mriyem.
Hasanuddin séda ing tahun 1570, banjur kasarèkaké ing Sabakingking.
Kang gumanti kaprabon Pangéran Yusup.
Nalika iku wong Banten yèn nandur pari lumrahè ana ing pategalan (ladhang).
Sawisé dienèni pariné banjur ora ditanduri manèh, wong wongé banjur golèk panggonan liya digawé ladhang, yèn wus panèn iya diberakaké manèh, enggoné nanduri iya kaya kang wis mau.
Sing kaya mangkono iku tumraping lemahé mesthi baé ora becik.
Bareng Pangéran Yusup jumeneng Sultan, wong wong padha didhawuhi sesawah.
Jalaran saka iku wong tani iya kapeksa milih panggonan sing tetep, ora pijer ngolah ngalih, iku njalari anané désa désa.
Pangéran Yusup uga dhawuh yasa bendungan lan susukan susukan perlu kanggo ngelebi sawah.
Sing mbedhah kutha Pakuan iku iya Pangéran Yusup.
Ratu ing Pakuan séda, para luhur ing kono kapeksa mlebu Islam.
Sawènèh ana sing ngungsi marang pagunungan ing Banten Kidul; wong Beduwi iku turuné wong wong sing padha ngungsi mau.
Pangéran Yusup lumrahè karan Pangéran Pasaréyan (tunggal jeneng karo kang paman ing Cirebon).
Ing sasédané Pangéran Yusup, Pangéran Jepara utawa Pangéran Arya anjaluk jumeneng Sultan, nanging ora bisa kelakon, jalaran saka setyané Mangkubumi (Patih) ing Banten marang Pangéran Yusup.
Kang gumanti Pangéran Yusup, putra kang sisilih Maulana Mohamad.
Nalika iku yuswané lagi 9 tahun, mulané nganggo diembani ing Mangkubumi.
Sing maréntah kutha Jakarta sebutan Pangéran, dhisike Ratu Bagus Angké lan tumurun marang putra. Kutha mau kinubeng ing pager, ing jeroné pager ana mesjidé omah gedhé sing didalemi sang Pangéran, alun alun lan pasar.
Iku mau kabèh dumunung ing pusering kutha. Dagangané ora pati ramé kaya ing Banten. Tanah tanah sakubengé kutha isih kebak buron alas.
Cirebon iku uga ngréka daya bisané mardika saka Banten.
Sultan Cirebon mbawahaké sapérangané tanah Priyangan.
Watesé kang wétan Banyumas, kang kulon Cimanuk (Citarum),.
Bareng sepuhé, Pangéran Mohamad ditresnani ing kawula, jalaran saka mursid lan wasis.
Sang papatih Jayanagara banget setya marang ratuné.
Nalika iku Sultan Mohamad diaturi nglurugi Palembang déning Pangéran Mas, wayahè Sunan Prawata,
Sandyan patihé malangi, nanging Sultan Mohamad ngrujuki; kalakon ing tahun 1596 Palembang dilurugi.

Wadyabala ing Banten wis ngira bakal menang, dumadakan nalika Sultan Mohamad pinuju dhahar, kataman ing mimis, ndadèkaké sédané.
Sédané mau digawé wadi, mung wadyabala diundangi bali marang Banten.
Bareng layon arep disarèkaké, ing kono wong wong lagi ngerti yèn Sultan séda, lan ing wektu iku uga Pangéran Abulmafachir dijumenengaké Sultan, nanging yuswané lagi sawatara sasi, mulané pamaréntahing nagara kacekel ing Mangkubumi, manèh dibantoni ing Nyai Emban Rangkung, kang jalaran saka wicaksanané karan: Ratu Putri Ing Banten.
Ing pungkasané abad kang ping 16 Banten iku dadi kutha pedagangan kang ramé dhéwé ing saTanah Jawa.
Wong manca kang ana ing kono: wong Persi, wong Indhu saka Gujarat, wong Turki, Arab, Portegis, Melayu lan wong Keling.
Wong wong ngamanca mau lumrahè ngingu batur tukon lan juru basa.
Luwih luwih wong Cina, ing Banten akèh banget.
Bangsa Cina manggoné ana sajabaning temboking kutha, lan omahè apik apik.
Panggaotané wong manca padha kulak mrica.
Sing nganakaké dhuwit timbel (kètèng, gobang) ing Banten iya wong wong ngamanca mau. Dhuwit timbel 1.00 pengajiné +/- 20 sèn.
Pangan ing Banten murah banget, dhuwit 20 sèn baé tumraping wong ngamanca, wis turah turah. Hawané ing kutha ora becik, jalaran kali Banten ing biyèné becik, banjur dadi cethèk lan reged.
Dalan dalan padha kurugan ing wedhi, omah omahè isih gedhég, mung senthongé pasimpenan wis tembok.
Para priyayi padha duwè pakarangan isi wit krambil, sangarepé omah ana pendhapané lan ing pojoking latar sok ana langgaré.
Kejaba mesjid gedhé lan pamulangan, ing Banten mung ana omah gedhong siji, yaiku omahè Syahbandar.
Kajaba para luhur, wong kang ngibadah ing Banten ora akèh.
Para luhur padha ngagem sarung sutra, (terkadhang sinulam ing benang emas) serban lan keris, kenakané diingu dawa, wajané dipasahi lan tinrètès ing mas utawa disisigi.
Ngagemé sepatu utawa selop mung yèn ana ing dalemé baé.
Pandèrèké ana sing ngampil wadhah kinang, kendhi, payung, lampit lan tumbak.
Para luhur mau (para punggawa) padha milu ngerèh praja.
Ing mangsa perang para prajurit olèh keré, sandhangan lan pangan.
Para punggawa mau padha ngingu batur tukon akèh.
Ing Banten sing nyambut gawé temenan mung para batur tukon, wong cilik liyané mèh ora nyambut gawé, mulané padha ora kacukupan.
Yèn ana wong ora bisa mbayar utangé, iku banjur dadi batur tukon saanak bojoné.
Wong kemalingan ing Banten akèh; maling kang kacekel, kena nuli dipatèni.
Wong kang dosa pati, kena nebus dosané sarana mbayar dhendha marang Sultané.
Yèn ana wong lanang mati, Sultan wenang mundhut anak bojoné wong mau.
Jalaran saka iku akèh wong isih kenomen padha omah omah.
Kuwasané Sultan Banten gedhé banget, nanging prakara nagara lumrahè dirembug karo para luhur; pangrembugé wayah bengi ana ing alun alun.
Para luhur mau kang kuwasa banget Mangkubumi (patih), laksamana (panggedhéné prau lautan) lan sénapati.

Ing jaman samana kaanané kutha kutha ing Tanah Jawa kurang luwih iya mèmper karo kutha Banten iku.


Perang Kang kaping Pindho

Bab IV

Wong Portegis lan Sepanyol

(1513)


Wiwit jaman Rum mula wong Asia iku wis wiwit lawanan dedagangan lan wong Europa. Dagangan saka Asia Wétan, kayata: Tanah Indhu, Cina, apadéné kapulowan Moloko digawa ing kafilah, metu ing Afganistan, Persi, Syrie (Sam), banjur menyang Egypte (Mesir), jujugé ing Alexandrie.
Dagangan mau saka kono banjur dikirimaké menyang kutha kutha pelabuhan ing sapinggire Sagara Tengah, kayata: Rum, Vénétie lan Genua; banjur disebaraké ing nagara liya ing Europa.
Lakuné kafilah saka Hindustan ngrekasa banget, jalaran ana ing dalan kesuwèn, mangka kerep diadhang ing bégal.
Marga saka iku pametuné tanah Asia ana ing Europa dadi larang banget, samono uga bumbon saka kapulowan Moloko.
Bareng wong Turki mèlu mèlu gawé kasusahaning kafilah mau, bangsa bangsa Europa liyané banjur arep mbudi akal bisané oleh dagangan saka tanah Asia dhéwé ora nganggo metu dharatan, dadi arep ngambah sagara baé.
Nalika abad kang kaping 15 ing tanah Europa wus ana bangsa kang kendel banget lelayaran, yaiku bangsa Portegis.
Bangsa iku enggoné lelayaran saya suwé saya mangidul, nganti nemu pulo lan tanah pirang pirang enggon, wasana pasisiré tanah Afrika kang sisih lor kulon wus kawruhan kabèh.
Ing tahun 1486 ana nakoda bangsa Portegis aran Bartholomeus Dias, bisa tekan ing pongole buwana Afrika kang sisih kidul dhéwé.
Ing Tahun 1498 kelakon ana nakoda Portegis aran Vasco de Gama tekan ing Kalikut kutha ing tanah Indhu.
Wong Portegis nuli miwiti lelawanan dedagangan lan wong Indhu, lan nenelukaké kutha pelabuhan kang ramé ramé ing tanah Indhu kono.
d'Albuquerque kang wus katetepaké jumeneng Prabu anom ing Asia nuli ngumpulaké prau perang kanggo merangi kutha kutha pelabuhan; Goa, Ormus lan Malaka genti genti dikalahaké.
Iya jamané d'Alburquerque (tahun 1509 - 1515), iku mumbul mumbule wong Portegis nguwasani tanah tanah pasisir ing Samodra Indhiya tekan Macao.
Bareng wong Portegis wis bisa manggon lan duwè panguwasa ana ing Malaka, ing tahun 1513 nuli nakoda aran d'abreu, layar menyang Moloko.

Lakuné nganggo mampir mampir, kayata: menyang Gresik.
Ing wektu samono Gresik wis dadi kutha padagangan gedhé, wong wongé wis Islam.
Wong Portegis mau ana ing Tanah Jawa Tengah lan Wétan sasat tansah dimungsuh baé, mung ana ing Panarukan bisa mimitran lan wong bumi, jalaran wong ing kono isih mardika, durung Islam lan durung kaerèh marang Demak.
Rèhné wong Portegis ana ing Tanah Jawa Tengah lan Wétan tansah ngrekasa banget, mulané banjur ana kang nyoba arep lelawanan dedagangan lan Banten.
Ing sakawit ana ing Banten ditampani becik, nanging nuli wong Portegis lan wong Banten kerep cecongkrahan, jalaran padha déné ora percayané.
Wasana enggoné dedagangan wong Portegis kang dipeng ana ing Moloko lan pulo Timur.
Nalika wong Portegis teka ana ing tanah Indhiya kang anggedhéni laku dagang ing kepulowan Moloko bangsa Jawa, nanging bareng Malaka bedhah, wong Jawa kadhesuk soko kono lan saka kapulowan Moloko, banjur karingkes pasabané, kang anggedhéni genti wong Portegis, malah ing tahun 1522 ing Ternate wis didegi bètèng, sarta wong Portegis wis prajangjian lelawanan dedagangan ijèn ijènan (monopolie) lan Sultan ing kono.
Ing tembéné kang dadi dhok dhokané wong Portegis ing Ambon lan Bandha.
Ana ing pulo pulo Moloko lan ing pulo pulo Sundha Cilik sisih wétan wong Portegis padha mencaraké agama Kristen.
Bareng wong Portegis nemu dalané menyang tanah Indhiya, wong Sepanyol iya banjur arep nyoba uga menyang tanah Indhiya dhéwé.
Wong Genua aran Christophorus Columbus layar saka Sepanyol mangulon atas asmané Sang nata ing Sepanyol.
Saka panémuné Chr. Columbus wus tetéla yèn jagad iku bunder kepleng, dadi yèn saka Sepanyol terus layar mangulon mesthi banjur tekan ing jagad sisih wétan yaiku enggoné tanah Indhiya.
Yèn saka Indhiya diterusaké mangulon baé, mesthi banjur bali tekan ing Sepanyol manèh.
Ing tahun 1492 kelakon Chr. Columbus nemu kepulowan kang diarani kapulowan Indhiya, jalaran pametuné akèh emperé lan tanah Indhiya, nanging ora antara suwé tetéla yèn kepulowan mau dudu Indhiya, mulané mung banjur diarani kepulowan Indhiya Kulon.
Mungguh satemené kepulowan Indhiya Kulon iku wewengkoné buwana Amerika.
Saking kepenginé marang kauntungan lan misuwuring jeneng, banjur akèh baé wong Sepanyol kang napak dalané Chr. Columbus padha layar mangulon ketug ing Amerika.
Sawisé buwana Amerika kawruhan, nuli ana wong Portegis kang aran Magelhaen kang nedya menyang Indhiya metu Amerika atas asmané ratu Sepanyol.
Mangkaté Magelhaen sakancané wong Sepanyol ing tahun 1519 lakuné nurut pasisiré Amerika sisih kidul, njedul supitan ing saantarané pongol Amerika kang kidul dhéwé lan pulo Vuurland, saka kono terus ngalor ngulon nrajang Samodra gedhé, anjog ing kapulowan Filipina.
Wong Sepanyol nuli layar menyang Moloko, anjog ing Tidore.
Sultan Tidore bungah banget, awit bakal olèh lengganan bangsa Europa, mangka nalika d'Abreu teka ing Ambon diajak lengganan ora gelem, gelemé mung karo Sultan Ternate.




Sarèhné wong Sepanyol, kancané Magelhaen, kalah santosa karo wong Portegis, mulané bareng dimungsuh, banjur kapeksa mlayu menyang Jilolo, saka kono terus layar mangulon, nutugaké enggoné ngubengi bumi, tekané ing Sepanyol manèh tahun 1522.
Iya wong Sepanyol kang dipanggedhéni Magelhaen iku kang ngubengi bumi sapisan.
Wong Portegis bareng sumurup ana wong Sepanyol teka, banget panasé, ngudi, lungané wong Sepanyol saka tanah Indhiya, dadi bangsa loro mau padha memungsuhan.
Nanging ing tahun 1529 padha bedhami, jalaran watesing jajahan dipastèkaké déning Kangjeng Paus.
Wiwit tahun 1542 bangsa Sepanyol neluk nelukaké pulo pulo Filipina.
Jeneng Filipina iku kapirit asmané ratu ing Sepanyol (Filips II).
Lan ana ing pulo pulo mau banjur padha mencaraké agama Kristen.





Perang Kang kaping Pindho

Bab V

Tekane Wong Walanda

(1596)



Ing abad kang kaping 15 ing nagara Walanda bab misaya iwak maju banget ( iwak haring). Iwaké didol sumrambah ing tanah Europa.
Jalaran saka iku lelayarané prau prau momot barang dadi ramé.
Prau prau momotan mau kejaba momot iwak, uga nggawa barang barang liyané, kayata: mertega, kèju lan laken saka Nederland didol menyang Europa sisih lor lan kidul.
Soko Portegal wong Walanda kulak anggur lan uyah; saka tanah tanah sapinggire Sagara Wétan gandum lan kayu, lan saka Inggris wulu wedhus.
Awit saka iku kabèh lelayarané prau prau momotan ing satanah Europa kacekel ing tangané bangsa Walanda.
Ing wiwitané abad kang ping 16 Kutha Lissabon dadi pusering padagangan kang saka ing tanah Indhiya.
Kang mencaraké dagangan mau menyang tanah tanah liyané sapérangan gedhé iya bangsa Walanda.
Iku kabèh njalari wong Walanda banjur dadi sugih, wong kang mauné mung ngepalani prau prau momotan, banjur dadi nakoda utawa sudagar.



Ing pungkasané abad 16 wong Walanda banget pangudiné marang ada ada anyar lan banget kepenginé marang lelakon lelakon kang durung tau dilakoni, luwih luwih bareng krungu critané lelayaran marang Indhiya saka wong wong Walanda kang mauné manggon ing Portegal.
Apa manèh ing nalika iku akèh sudagar sudagar saka Nederland Kidul (Antwerpen) padha ngalih mangalor.
Kuwasané karajan Sepanyol tansah suda, perang karo bangsa Walanda lan Inggris kerep kalah.
Dedagangan ing Lissabon tumrapé bangsa Walanda banjur diengèl engèl amarga wiwit ing tahun 1580 Lissabon kebawah Sepanyol.
Jalaran saka sebab sebab ing ndhuwur mau kabèh, bangsa Walanda kenceng tekadé arep lelayaran menyang tanah Indhiya dhéwé, bathiné mesthi bakal luwih akèh, awit bisa kulak dedagangan saka ing panggonané asal.
Wiwitané nyoba lelayaran metu lor ngubengi buwana Asia, perluné nyingkiri bangsa Sepanyol, yaiku mungsuhé.
Sarèhné layar metu lor iku terang yèn rekasa banget, istingarah ora bisa kelakon tekan tanah Indhiya, nuli wong Walanda arep nékad metu kidul nurut pesisire buwana Afrika kaya wong Portegis.
Cacahing prau kang arep mangkat ana 4, kang ngepalani aran Cornelis de Houtman iku wis bisa oleh katrangan dalané menyang Indhiya ana ing Lissabon.
Déné kang dadi lelurahing jurumudhi wong pinter ing ngèlmu bumi aran Pieter Keyzer.
Ing tanggal 2 April tahun 1595 padha mancal saka dharatan, lakuné ana ing dalan ngrekasa banget, nanging tanggal 23 Juni 1596 kelakon tumeka ing Banten.
Satekané ing palabuhan Banten prauné wong Walanda dirubung ing prau cilik cilik padha nawakaké wowohan lan dodolan warna warna.
Ora suwé ing dhèk kebak wong Jawa, Arab, Cina, Keling lan Turki padha nawakaké dedagangan.
Wong Walanda medhun menyang dharatan; ing kono wis ana cawisan omah kanggo bukak toko.
Sawusé tekan dharatan banjur dodolan lan kulak dedagangan kang diimpi impi, yaiku mrica.
Nanging bareng padha rerembugan banjur padha pasulayan.
Wong Portegis weruh kang mangkono iku nuli ngréka daya supaya wong Walanda disengiti ing wong Banten.
Apamanèh Cornelis de Houtman iku wani kasar karo Mangkubumi ing Banten, lan sarèhning wong Banten kuwatir bok manawa kutha Banten bakal ditibani mimis saka ing prauné wong Walanda, Cornelis de Houtman sakancané 8 dicekel lan dilebokaké ing kunjara.
Cornelis de Houtman lan kancané 8 pisan mau iya nuli luwar, nanging sarana ditebus.
Bareng wong Portegis mbabangus manèh marang wong Banten, wong Walanda banjur ninggal Banten, awit uga weruh yèn ora bakal bisa oleh dedagangan ana ing kono.
Wong Walanda banjur layar mangétan urut pasisir loring Tanah Jawa nganti tekan Bali.
Saka kono banjur bali menyang nagara Walanda urut pasisiré Tanah Jawa kang sisih kidul.



Tekané ing nagara Walanda prauné kang mauné papat mung kari telu, wong kang mauné 248 mung kari 89.
Lan barang dagangan sing digawa apadéné bathiné mung sathithik banget.
Nanging sedyané kang gedhé iku wis kaleksanan, iya iku saiki dalan kang menyang tanah Indhiya wis kawruhan.
Nalika tahun 1598 ana prau Walanda manèh teka ing Banten, kang manggedhéni Yacob van Neck.
Sarèhné van Neck mau wong kang alus bebudèné ora kasar kaya de Houtman, dadi wong Walanda ditampani kalawan becik, dipèk atiné kenaa dijaluki tulung yèn ana nepsuné wong Portegis, malah van Neck oleh palilah katemu lan sang timur Abulmafachir ratu ing Banten lan van Neck ngaturi tinggalan tuwung mas.
Wong Walanda enggal baé oleh dedagangan mrica akèh.
Wiwit ing nalika iku akèh prau prau Walanda kang teka ing Moloko kulak mrica, pala lan cengkèh.
Dhok dhokané prau kang menyang tanah Indhiya iku ing Banten, dalasan prau kang saka ing Moloko, sanadyan wus kebak dagangan, kang mesthi iya nganggo mampir.
Suwé suwé pelabuhan ing Banten saya ramé déning prau Walanda kang teka lunga ing kono.
Ing wektu iku Sepanyol lan Portegis wiwit ngêdhèng enggoné perang karo bangsa Walanda ing tanah Indhiya.
Andreas Furtadho de Mendoca nggawa prau 30 saka Goa layar menyang tanah Indhiya, arep dhedawuh marang para panggedhé ing sakèhing kutha plabuhan nglarangi nampa wong Walanda; sakèhing wong Walanda kang wus ana ing kono kudu ditundhung.
Ing tahun 1601 ana prau Walanda teka ing supitan Sundha, kang manggedhéni Wolphert Harmens, ana ing dalan Wolpert Harmens wis oleh pawarta yèn Banten dikepung ing balané Furtadho perlu nglungakaké wong Walanda lan meksa marang Pangéran ing Banten ora kena ngayomi sakèhing Walanda.
Sandyan prauné Harmens mung lima, nanging nékad nempuh prauné wong Sepanyol.
Salungané wong Sepanyol saka ing Banten, Harmens mlebu ing plabuhan munggah menyang kutha.
Ora antara suwé ana prau Walanda teka manèh, panggedhéné aran Yacob van Heemskerck enggal baé oleh dedagangan, prauné kang lima wis kebak, nuli dilakokaké bali menyang nagara Walanda, déné prau sakariné banjur layar menyang Gresik.
Ana ing Gresik kono Heemskerck sawisé kebak prauné banjur bali menyang nagara Walanda.
Ing wektu iku para sudagar Inggris iya wis padha bathon nglakokaké prau menyang tanah Indhiya.
Ing tahun 1602 ana prau Inggris teka ing plabuhan Banten nggawa layang lan pisungsung saka ratuné.
Wong Inggris ditampani kalawan becik, dadi gampang nggoné golèk dagangan, sarta banjur kaidinan ngedegaké kantor.



Perang Kang kaping Pindho

Bab VI


Adegé Vereennidge Oost Indische Compagnie (V.O.C.)

( tahun 1602)



Prauné wong Walanda kang padha layar menyang tanah Indhiya iku duwèké maskapé maskapé cilik.
Sanadyan kang nduwèni tunggal bangsa lan kabèh padha tulung tulungan yèn ana bebayaning dalan, èwa déné mungguh enggoné dedagangan ora pisan bisa rukun, malah padha jor joran murih bisa oleh dagangan akèh.
Bareng paprentahan luhur ing negara Walanda nguningani prakara iku banjur kagungan sumelang.
Saka karsané paprentahan luhur maskapé Walanda mau didadèkaké siji aran Vereennidge Oost Indische Compagnie (V.O.C.), yaiku: Pakumpulan dedagangan ing tanah Indhiya Wétan, adegé nalika tanggal 20 Maret 1602.
VOC. mau diparingi wewenang dedagangan ing sawétané Kaap de Goede Hoop tekan ing supitan Magelhaens, déné maskapé utawa sudagar liya ora kena mèlu mèlu dedagangan ing kono (monopolie).
Wewenang panunggalané ing dhuwur iku: VOC. kena nganakaké prajangjian atas asmaning Staten Generaal karo sakèhing nagara klebu jajahané.
Kajaba iku Compagnie kena nganakaké prajurit, gawé bètèng, gawé dhuwit lan netepaké Gouverneur lan punggawa liyané.
Sakèhing punggawa kudu sumpah kasusetyané marang Straten Generaal lan pangrehing Compagnie.
Ing sabisa bisa VOC, kudu mèlu nglawan mungsuhé nagara Walanda.
Pawitané Compagnie iku olèhé adol layang andhil, siji sijiné andhil ora mesthi padha regané, ana kang f10.000 ana kang
f50.
Déné kang kena tuku andhil mau iya sadhengah wong, ora lawas VOC wus oleh pawitan f6.500.00.
Ing sakawit warga pangrèh (Bewindhebber) ing tanah Walanda ana 73, nanging ora lawas mung ditetepaké 60.
Para Bewindhebber mau akèh kauntungané, kayata: saben ana prau teka saka tanah Indhiya mesthi oleh bagéyan 1% né ajining momotané prau, mulané pangkat Bewindhebber mau dadi pepénginan.
Bewindhebber iku ana 17 kang pinilih kuwajiban nyekel paprentahan Compagnie ing saben dinané.
Pangrèhé Compagnie iku aran "Heren XVII, Directeuren utawa Mayores".

Saben 10 tahun para Bewindhebber kudu awèh katrangan pelapuran (verslag) bab panyekeling paprentahan marang Straten Generaal lan para aandeelhouder.
Prau prauné Compagnie kang dhisik dhéwé mangkat menyang tanah Indhiya dipanggedhéni Van Waerwijck, angkaté ing tahun 1602 uga.
Sakèhing lojiné maskapé maskapé lawas banjur didadèkaké lojiné VOC.
Loji utawa factorij iku wujud kantor diubengi ing gudhang gudhang lan omahè para punggawa.
Mungguh perluné loji mau kanggo tandhon dagangan.
Dagangan mau diklumpukaké ngentèni tekané prau prau.
Factorij iku terkadhang kinubeng ing bètèng tembok utawa tanggul, nanging kang mangkono iku ora mesthi, awit para ratu bangsa bumi kerep ora marengaké.
Kèhing factorij saya wuwuh, nanging terkadhang yèn arep ngadegaké factorij anyar iku nganggo ngesur ngalahaké wong Portegis dhisik, kayata: nalika tahun 1603 ana ing Banten, ora lawas ing Gresik, Johor, Patani, Makasar lan Jepara iya dianani factorij.Factorij ing Patani perluné kanggo lelawanan karo negara Cina, Jepang lan Indhiya Buri, awit dikira ngolèhaké kauntungan akèh, nanging jebul ora.
Karo Ceylon lan Aceh Compagnie iya lelawanan dedagangan, nanging sakawit mung sathithik pakolèhé.
Dagangan tanah Indhiya kang ngolèhaké kauntungan akèh iya iku bumbu crakèn, mulané VOC. kepéngin banget mengku kapulowan Moloko, kang iku para nakoda padha diwangsit, supaya merlokaké ngudi bisané nekem kepulowan bumbon crakèn mau, yèn ora kena dilusi sarana prajangjian iya kanthi wasésa.
Ing saenggon enggon angger Compagnie bisa becik karo ratu bangsa bumi mesthi banjur nganakaké prajangjian bisané lengganan ajeg (monopolie).
Pulo Ambon (cengkèh) iku pulo kang dhisik dhéwé dadi duwèking Compagnie.
Ora suwé saka kecekelé pulo Ambon ing kuwasané VOC. pulo Bandha Néra (pala) lan Bacan iya banjur kena diregem.
Marga enggoné menang perang iku, laku dagang bumbu crakèn katekem ing kuwasané Compagnie, sabab ana ing endi endi, angger tanah wus kaayoman mesthi dilarangi lelawanan dedagangan karo bangsa liya kajaba mung karo VOC. dhéwé sarta regané dagangan dipasthi (monopolie).
Para aandeelhouderé VOC. ing tahun 1610 didumi bathi 75%, wujud dhuwit utawa pala, kena milih ing sakarepé, nuli diedumi manèh 50%, dadi sataun baé tampané para aandeelhouder gunggung kumpul 132,5%
Nanging kauntungan samono iku mungguhing satemené kauntungan ing dalem 8 tahun, awit adegé VOC. wus ana 8 tahun, mangka lagi mbayar anakan sapisan iku.
Ing tahun 1611 para aandeelhouder tampa manèh 30%, nanging tumekané tahun 1619 wis ora oleh manèh.
Wong wong padha ora rujuk, yèn pambayaring anakan jag jog ora ajeg kaya mangkono iku, terkadhang akèh banget, terkadhang pirang pirang tahun nyet adhem baé.
Mulané sabakdané tahun 1625 pambayare dipranata, ing sabisa bisa diajegaké.
Racaké pambayaring anakan marang aandeelhouder mau ing saben tahun 18%.
Kajaba panyekeling dhuwit, cacading papréntahané Compagnie, isih ana manèh, yaiku enggoné kukuh ngencengi tindaking monopolie, nganti akèh warga VOC. kang metu saka pakempalan.

Ana sajabaning nagara Walanda, Compagnie uga duwè mungsuh kang nyumelangi:
Bangsa Inggris, iku ing tahun 1600 wis nganakaké Oost Indische
Compagnie, sarta ana ing Banten lan Moloko wis duwè kantor akèh.
Ing saenggon enggon bangsa Inggris tansah mbudi daya bisané
ngesur wong Walanda, mung baé enggoné mungsuh ora wani
ngedhèng, awit mundhak ngadekaké gèsrèking
préntah Walanda lan Inggris.

Ing wektu samono VOC. tansah merangi wong Sepanyol lan
Portegis, awit tanah Walanda peperangan lan bangsa loro mau ana
ing Europa.

VOC. lelawanan dagang karo bangsa Cina sarta Jepang. Ing tahun 1608 ana prau Compagnie loro layar menyang Jepang. Ana ing kono Compagnie diidini dedagangan lan ngadegaké loji.
Saka rembugé Frankrijk sarta Inggris, sanadyan Walanda lan Sepanyol ora sida bedhami, nanging ing tahun 1609 meksa lèrèn anggoné perang, padha sèlèh gegaman ing dalem 12 tahun.
Prakara tanah Indhiya katemtokaké ing prajangjian, yèn wong Walanda lestari kena ndarbèni jajahan enggoné ngrebut wong Sepanyol sarta Portegis, nanging siji sijining bangsa ora kena dedagangan ana ing jajahan kang wus dijègi ing liyan ing wektu awiting sèlèh gegaman.
Mungguh ing atasé tanah Indhiya awiting sèlèh gegaman iku kang mesthi kurang luwih let sataun karo ing Europa, awit tanah Indhiya nganggo ngentèni udhuning dhawuh.
Ana ing Indhiya ketara banget, yèn wong Sepanyol ora nganggep bedhami sèlèh gegaman iku; dadi VOC. kepeksa tansah tata tata nyentosani wadyabala lan samekta gegamaning perang.
Bangsa Inggris lan Portegis sok dibiyantoni ing wong bumi, merangi marang wong Walanda.
VOC. iku enggoné ngregani bumbon crakèn saka kepulowan Moloko murah banget, dagangané wong bumi dhéwé dilarang larang.
Tindak kaya mangkono iku ndadèkaké karugiané bangsa bumi, wasana banjur padha dagang colongan lelawanan lan wong Portegis, Inggris utawa Jawa.
Compagnie muring banget; kebon kebon pala lan cengkèh akèh kang dibabati minangka paukumaning wong pribumi.
Wong Bandha banget muringé, wuwuh wuwuh dibombong wong Inggris.
Admiral Verhoeff, utusané VOC. dicidra dipatèni.
Wasana ing tahun 1609 pulo Bandha malah banjur kena didadèkaké jajahan VOC.
Marga saka pakéwuh warna warna iku VOC. duwè panému yèn pangrèhé kudu kukuh, dikuwasani wong suwiji.
Nganti tumekané wektu semono, siji sijining loji ana pangrèhé dhéwé, para pangrèh ora merduli marang pangrèhé loji liyané.
Wiwit tanggal 1 September tahun 1609 sakèhing kantor lan èskader (kapal kapal perang) ing tanah Indhiya dikuwasani ing panggedhé suwiji, jenengé Gouverneur Generaal (GG.).

Gouverneur Generaal kang kawitan yaiku Pieter Both. GG. mau didhawuhi niti priksa kelakuwan, gawéyan lan uripé para punggawa.
GG. iku panyekelé paprentahan nganggo dibiyantu ing punggawa liya, jenengé Raad van Indie.
Cacahè warganing Raad van Indie sanga, kang lima tansah dadi kanthining GG., kang papat aran "Lid" mirunggan, padha dadi gouvernour ana ing papan liya, enggoné mèlu parepatan mung yèn ana rembug sing perlu perlu banget.
Pamutusing prakara kang perlu perlu GG. kudu njaluk rembugé Raad van Indie; wondéné GG. dadi pangareping parepatan.
Yèn parepatan ora bisa mutusi, putusané GG. dhéwé wus kanggep apsah.
GG. iku uga dadi sénapatining prajurit Dharatan lan lautan.
Pamanggèné Tuwan P. Both ana ing Ambon. Ana ing Moloko P. Both klakon bisa nggedhèkaké panguwasa, gawé kapitunané wong Sepanyol lan Portegis.
Ing tahun 1613 P. Both bali menyang tanah Walanda nanging ana pasisiré pulo Mauritus prauné Kèrem, P. Both dadi lan tiwasé.
G. Reynst jumeneng gumanti GG. kapilih ing para Bewindhebber, ing tahun 1615 digentèni L. Real.
Dhèk samono VOC. lagi karépotan awit wong Inggris saya katon enggoné mungsuh VOC.
Ana ing Banten panguwasané wong Inggris tansah mundhak.
Yan Pieterszoon Coen, Liding Raad van Indie banget sumelangé bok manawa jajahan VOC. bakal direbut ing wong Inggris.
Ing tahun 1616 wong Inggris ngejègi pulo Run, jajahané VOC. ing Moloko.
Ing nalika iku JP. Coen katetepaké nguwasani sakèhing prakarané VOC. ing Tanah Jawa.
Coen enggal tumandang merangi wong Inggris.
Kang iku ndadèkaké banget panasé wong Inggris sarta Pangéran Ranamenggala ing Banten.
Bareng ing tahun 1618 ana kabar yèn loji ing Jepara dirusak déning kawulané Panémbahan Mataram, lan tetéla banget, wong Inggris, wong Banten lan wong Mataram ayon nedya numpes wong Walanda, JP. Coen nuli ngalih saka Banten menyang Jakarta, loji ing kono didadèkaké bètèng.
Ora lawas JP. Coen ditetepaké dadi Gouverneur Generaal, tahun 1619.
Ing tahun iku wong Inggris lan Walanda enggoné memungsuhan padha déné ngedhèng.
Kantoré wong Inggris kang adhep adhepan bètèngé wong Walanda ing sapinggire kali Ciliwung iya nuli disentosani.
Kapalé wong Walanda siji dibeskup Sir Thomas Dale, panggedhéning èskader Inggris.
Coen sandika njaluk baliné, nanging wong Inggris malah mangsuli sugal.
Bètèng Inggris enggal ditempuh, nganti kena obong, tahun 1618.
Ora antara lawas bètèng Walanda dikepung ing mungsuh.
VOC. karépotan banget, marga kekurangan prau lan obat mimis.
Wong Jakarta ora ana kang gelem dadi kuliné; malah wong Jakarta nempuh bètèng Walanda, èskader Inggris gedhé ana segara dipethukaké prau Walanda, perangé dèdrèg, wasana kesaput ing wengi.
Esuké JP Coen ora wani methukaké prau Inggris manèh; putusaning rembug arep menyang Moloko njaluk bantu lan njupuk obat mimis.

JP. Coen weling wanti wanti marang Van den Broecke.
Yèn ana kapèpèté kepeksa nungkul, nungkula marang wong Inggris, aja nganti nungkul marang wong Jakarta utawa Banten.
Kacarita wong Inggris wus prajangjian lan wong Banten, nedya nempuh bètèng ing Jakarta.
Pangéran Jakarta, Wijaya Krama, gela banget, déné ora diajak rembugan ing wong Banten, nuli golèk akal bisané ngrebut bètèng dhéwé.
P. van den Broecke disuwuni bojana minangka pratandhaning pamitran.
P.v.d. Broecke kanthi punggawa pitu kalebu ing gelar, banjur cinekel lan kinunjara.
Van Raay sing nggentèni Van den Broecke dijaluki tebusan, ora mituruti.
Wasana wong Inggris lan Van den Broecke dhéwé awèh weruh marang wong Walanda supaya masrahna bètèng.
Van Raay kendhak atiné, nedya nungkul, wekasan ana jalaran kang murungaké sedyané Van Raay saandhahané.
Wong Banten ora awèh, yèn bètèng Jakarta tumiba ing wong Inggris.
Pangéran Jakarta ditungkeb, jajahané kagamblokaké marang Banten.
Rèhning wong Banten crah karo wong Inggris, èskader Inggris mundur saka Jakarta.
Bètèng Walanda dikepung ing wong Banten.
Bareng wong Walanda ngerti yèn bakal bisa uwal saka ing bebaya, banjur tumandang nyentosani bètèng manèh.
Bareng wis rampung wong Walanda padha bungah bungah nganakaké bujana, bètèng Jakarta dijenengi Batawi (tahun 1619).
Bareng lungané JP. Coen wis oleh patang sasi banjur bali nggawa prau nembelas.
Prajurit kang ngepung bètèng ditempuh bubar, kutha Jakarta digempur.
Coen nuli menyang Banten, wong Banten rumangsa ora kuwagang nglawan P. van den Brocke sakancané diulungaké.
Sarèhné v. d. Broecke lan van Raay dianggep kaluputan enggoné netepi wajibé, mulané tampa paukuman abot saka JP. Coen.
Tanah Jakarta banjur diaku ing VOC, JP Coen enggal mbangun Kutha Batawi, dipernata lan direjakaké.
Ing sacedhaké palabuhan didokoki omah, jenengé "Kasteel" ing kono dununging papréntahané VOC. ing satanah Indhiya.
Ing sarampungé prang Jakarta, Coen nedya males marang wong Inggris.
Nanging ing tahun 1620 kabar saka Europa yèn para panggedhéné VOC. ing tanah Walanda rukun karo Compagnie Inggris.
Kang iku ing tanah Indhiya uga Walanda karo Inggris iya kudu rujuk.
Wosing prajangjian mangkéné: Siji sijining Compagnie nganggo pawitan dhéwé dhéwé sarta kena sudagaran ing satanah Indhiya, nanging prajangjian monopolie kang mau mau dilestarèkaké.
Kulaké kudu bebarengan, oleh olèhané diparo. mung ing pulo pulo Moloko wong Inggris oleh saprateloné.
Prakara perang dadi tetanggungané Raad van Defensie, kang dadi wargané wong Walanda lan Inggris genti gentèn saben sasi.
JP. Coen banget ora senengé déné ana pranatan kaya mangkono iku, awit wong Inggris ora wenang oleh jajahané VOC,

Wong Inggris rumangsa disengiti wong Walanda, mulané ing saolèh oleh rekadaya bisané males marang VOC. Walanda.
Nalika wong Bandha mogok, kang ngojok ojoki wong Inggris.
Sarèhné ana Raad van Defensie warga Inggris ora pati sarujuk ngukum marang kraman mau, JP. Coen banjur pratéla yèn wong Bandha kang wenang ndarbèni iya mung wong Walanda.
JP. Coen nuli mangkat menyang Bandha, wong bumi diwisésa, dipatèni utawa dibuwang menyang Tanah Jawa.
Pulo pulo Bandha didum marang para Walanda tilas punggawané Compagnie, nanging diwajibaké nandur pala, lan pametuné kudu didol marang VOC.
Tindak sawenang wenang iku dadi cacade JP. Coen.
Ing wiwitané tahun 1623 JP. Coen lèrèh marga saka panjaluké dhéwé.
Kang gumanti jumeneng GG. saka panudingé Coen iya iku P. de Carpentier.
Durung nganti sasasi enggoné dadi GG., de Carpentier wis nemu reribet, gèsrèk lan wong Inggris.
Ana ing Ambon wong Jepang bebauning wong Inggris kacekel ing wong Walanda.
Bareng ditliti tliti, wong Jepang mau blaka yèn wong Inggris wis padha sumpah sumpahan sapunggawané Jepang nedya numpes wong Walanda lan ngrebut bètèng Victoria.
Tinemuning papriksan wong Inggris 9 wong Jepang 9 lan wong Portegis siji padha ngakoni, yèn pancèn duwè niyat kaya aturé wong Jepang mau. Nuli diukum kisas.
Karampungané pangrèh Walanda ing Ambon njalari crahing VOC. lan Compagnie Inggris.
Wong Inggris ing pulo Moloko padha lunga, ngejègi pulo Lagundi ana ing supitan Sundha, nanging sarèhné akèh kang mati utawa lara, banjur padha ngumpul ing Betawi.
Ora antara lawas wong Inggris ana ing Betawi ora bisa rukun karo wong Walanda, nuli padha lunga menyang Banten.
Wiwit adegé kutha Betawi tansah dibeciki: Coen wis ngadegaké pamulangan sarta murih ajuning dagangan, njupuki wong Cina saka Banten; kejaba iku Betawi uga dianani pangrèh kutha kang ngiras nyekel pangadilan.
Carpentier wiwit nganakaké pajeg dhuwit kanggo mbecikaké tindhaking piwulang sarta pangadilan lan manèh gawé yeyasan kanggo mitulungi marang bocah Walanda kang lola.